Translate

Jumat, 05 Agustus 2016

PRANATACARA MC BAHASA JAWA

KATRANGAN SAPALA
BAB PRANATACARA

A.WREDINING PRANATACARA

       Panatacara inggih menika Paraga Ingkang Tinanggenah Nata Acara.Ugi kasebat : Paranatacara, Panata Hadicara, Pranataadicara,Pambiwara,Panata Titi Laksana Adicara,MC (Master of Ceremony), nanging sanes pengacara.
       Bakuning ayahanipun, ingkang sakwit inggih menika nglantaraken lampah utawi tumapaking acara utawi adicara wonten ing pepangguhan,pasamuwan,utawi upacara ingkang sampun karantam. Nanging kabekta saking ebah-ewahing kawontenan, miwah majenging jaman, ayahnipun pranatacara lajeng asring mingsat-mingset, malah asring dados rowa, kadosta asring nindakaken ayahaning pamedharsabda,asring ngaturaken wara-wara,nyandra lan sanes-sanesipun.

B.PRIBADHINING PRANATACARA

        Boten Sadhengah tiyang saged nindakaken minangka pranatcara.Upami saged, inggih derengkantenan saged mrantasi, menapa malih saged mumpumi kalayan pantes,luwes,tur teges.
         Pranatacara ingkang saestu mumpumi, kedah tiyang ingkang kaewokaken PILIH TANDHING. Mila sok sintena ingkang kepengin dados pranatacara ingkang saestu, inggih kedah gadhah pribadhi ingkang utami,tinarbuka,sregep ing damel, dhisiplin, ingkang tumindhak,tansah ngudi amrih wingit Wibawaning upacara,damel regeng ngengrenging pasamuwan saha damel resep leganing Penggalihipun para tamu saha ingkang hamengku gati.

C.SANGU-SANGUNING PRANATACARA 

         Kangge minangkani Pepanggil, miwah Ayahaning Prantacara ingkang katur ing ngajeng kala wau, panatacara kedah gadhah sangu arupi pangertosan ketrampilan,tuwin sikep ingkang nyekapi.sokur monjo ing babgab olah swara,olahraga lan busana,olah basa lan sastra.Ugi kaswmbuh pangertosan-pangertosan sanes ingkang minangka jejangkep,kadosta bab kesenian,kabudhayaan,adat,tatacara,kawruh agami, filsafat lan sanes-sanesipun.

    1. Olah Swara

         Swanten,menika nugrahaning Pangeran Awon, sae, kula panjengan sedaya kantun nampi. Ewa semanten,tumrap pranatacara saha pamedharsabda,perlu ngolah swantenipun,amrih sekeca dipun pireng. Swanten ingkang sae menika,ingkang limrah dipunwastani GANDHANG.Swanten Gandhang menika swanten ingkang yen sora boten mbrebegi, lirih boten ical,tetep taksih kapireng cetha tur sekeca. Swanten kedah kaangkah wajar,cetha ,tegas tur boten ketingal dipundamel-damel.sampun kacampuran swanten-swanten ingkang kirang sae saha kirang sekeca kapireng,upami bindheng, serak,blero,kasar lan sanes-sanes.
          Cara pengolahipun,inggih dipun gladi piyambah,wonten ing papan-papan ingkang prayogi,ing papan sepi sapinggiring lepen,pinggir seganten lan sanes-sanesipun ingkang kadugi cocok. nyinau bab menika kedah tlatos,saking sakedhik,dangu-dangubadhe ketingal kasilipun.

    2. Oalah Raga lan Busana

           Panatacara ingkang sae (ideal), inggih menika panatacara igkang kagungan badan utawi salira ingkang sehat/saras. Saras jasmani punapadene rohani. Panatacara ingkang sae inggih kedah busanaingkang murwat, laras kaliyan kawontenan.Pangolahing raga jaman samangke sampun boten kekirangan,kadosta sarana senam,jogging,renang,aerobic lan sanes-sanesipun. Dene bab busana,langkung-langkung busana kejawen,taksih perlu sanget dipun sinau,awit kathah sanget ingkang dereng pana. taksih asring klenta-klentu. Busana kedah leres panganggenipun,murwat kawontenanipun,rapi,tumata,panatanipun cocok kaliyan kawontenanipun. Inggih kawontena kaperluan,ugi kawontenaning saliranipun ingkang ngagem perlu kagalih komposisi warni,estetika,saha etikanipun.

     3. Olah Basa lan Sastra 

           Basa ingkang kedah dipunagge denenning panatacara,ugi pamedharsabda,inggih menika basa ingkang leres,sae tur gampil dipuntampi utawi komunikatip.Wonten tigang warni basa ingkang kangge,inggih bmenika basa prasaja,Swadaya lan basa rinengga. Tiga-tiganipun saged karang,miturut,kawontenan.Wontening pepanggihan-pepanggihan limrah,kadosia ing rapat RT,rapat RW,rapat panitya lan sanes-sanesipun saged migunakaken basa samadya tuwin rinengga.Sedaya kala wau wonten ing cak-cakanipun kedah tansah negmuti bilih kedah saged katampi dening para ingkang mirengaken,kanthi bsekeca tur kanthi cetha . Mila wonten trap trapanipun,kedah tansah ngemuti:
          a.Sinten ingkang gineman.
          b. Sinten ingkang tumanggap (dipinjak) gineman.
          c. Menapa ingkang dipunginem.
          d.Kados pundi swasananipun.
           Menawi ngengeti ingkang kasebat menika,tentu kemawon lajeng ingarah rinekdaya amrih trep pamilihing tembung,cetha dhapukaning ukara,runtut pangiketing basa. Wosipun ngugemi paugeran basa utai paramasastra.
           Rehning pranatacara menika wonten ing swasana ingkang maneka warni,ing kitha,ing dhusun,ing madyaning tiyang limrah,ing madyaning para winasis,ing wiwahan,palayatan,parepatan,pakempalan,sarasehan,konferensi,seminar,lomba(pasanggiri/tandhingan) lan sanes-sanesipun,mila panatacara kedah saged ngemuti kawontenan kala wau.
            Caranipun nggegylang bab basa saha sastra,saged saran sinau ing papan formal,utawi resmi saged sarana kursus-kursus,memaos,mireng-mirengaken,taken-taken,nyenyathet lan sanes-sanesipun.

         4.Sikep ingkang Prayogi


Bapak Sudi Yatmana kagungan konsep ingkang winastan SAPTAMA,inggih menika :
a.       Magatra                 :  Beleger,wewujudan,rupa,sarira,busana kedah trep,jangkep.

b.      Malaksana             : Tindak tanduk tinata runtut. Luwes,mrabawani, boten inggih-inggih,boten wigah-wigih
            c.      Mawastha              Jemenengipun jejeg,boten kendho,boten dhoyong,letipun,suku  sacekap,
                                                 boten kawiyaren,boten keciuten

d.      Maraga                  : Boten rongeh,anteng anteb,ebah ewahing pasemoning wadana nggambar jatining wigati.
   e.Malaghawa: Trampil,Kapara trengginas,boten nglemer,boten gas-gasan,cak-cek,gancar,lancar,sembada

f.       Matanggap                        : Tanggap sak wiringing swasana,saged damel regeng-ngengrenging swasana,saged damel duhkitaning wardaya,nanging ugi saged damel gumyaking swasana.

g.      Mawat                   : Tangguh,tanggon,prapteng ngendhon,ngentasi purwa,madya wasananing karya.

  5.      Cathetan sawatawis ingkang nyengkuyung kasiling pacatacara.
a.       Kersa rawuh ing parepatan panitya
b.      Rawuh satunggal jam sakderengipun adicara kawiwitan.
c.       Samaptya ing pakaryan,pirantos kasta jangkep,sampun wonten ingkang kantun
d.      Salira kajagi marih seger lan saras
e.       Prekawis-prekawis ribeting penggalih,prayogi karampungaken rumiyin,amrih boten ngganggu.
f.     Samaptaning pnitya utawi panawangkukridha, ugi magaribawani kasiling panatacara.Mila kedah tansah nyambut damel sareng kaliyan panitya.
g.   Saening sound system (pengeras suara) dipun satitekaken
h.   Perlu ceking samaptaning pasugatan,papan lan sanes-sanesipun.
i.   Panatacara  mangertos,kepara apal urutaning adicara.
j.  Panatacara mangertos kanthi wewentahan (rinci) cak-cakaning adicara.
k. Panatacara tumanggap kedah saged mratelakaken utawi nyebat samukawis kanthi leres tur jangkep.
l.  Panatacara tumanggap tuwin nuhoni keparengipun ingkang hamengku karsa.
m.Panatacara mamrih reseoing prasada (panggung/arena) saha papan ing sacelakipun panatacara.
n.  Panatcara sageda amurba swasana.
o.  Panatacara prayogi sinartan paraga bantu
p.  Panatacara kedah saged pinitados.
q.   Panatacara kedah sugih rekadaya, tansah sawega,bok bilih pinanggih prekawis ingkang boten cocok kaliyan rancangan,amrih sedaya saged kalampahan kanthi sae.
            Atur sapala ing nginggil,minangka bancer-ancer kagem panatacara menapa dene ingkang binadhe panatacara,amrih sageda dumados kekudaganing para sutresna budaya,wontenipun panatacara ingkang SEMBADA. Ewa semanten tumrap para ingkang amung badhe nyumerepi kados pundi panatacara menika,inggih nama lowung saged minangka imbet pangertosan.



NYEBAT PARA TAMU 
1.      Para tamu
Para lenggah
Para rawuh
2.      Para sinepuh para sesepuh,para Aji sepuh,para rawuh para kadang mudha wredha.
3.      Para pepundhen,para pinisepuh,para sesepuh.
4.      Para pangemban pangembaning praja
5.      Para satriyaning nagari
6.      Paratrahing sutresno budoyo adi luhung
7.      Para ngulama
8.      Para bapak,para ibu,ingkang kunurmatan
9.      Panjenengan dalem para luhur,truwin panjenenganipun para tamu.
10.  Para pelayat,
Para takjiyah
Para asung bela sungkawa,
Para pambela sungkawa

SESEBATAN
1.      Ingkang tuhu pinundhi.
2.      Ingkang dahat kinurmatan.
3.      Ingkang minulya.
4.      Ingkang sutrsna.
5.      Ingkang anggung mastuti dhateng pepoyaning kautaman.
6.      Ingkang pantes sinudarsana.
7.      Ingkang winantu.
8.      Sagunging pakurmatan.
9.      Ingkang tuhu berbudidarma.
10.  Lss.
SALAM KASUGENGAN
1.      Assalammualaikum Warahmatullah hi Wabarokatuh
2.      Mugi sih wilasa,pangayoman,berkah,saha kanugrahan Dalem Gusti Ingkang Maha Suci,karentahna tumrapkula,saha panjenengan sadaya,samenika,sarta ing salaminipun.
3.      Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi kajiwa kasalira wonten ing panjenengan sadaya.
4.      Winantu ing kawilujengan.Sinartha sinukartaning panakrama
5.      Mugi kasugengan dalem para luhur,saha kawilujengan kula saha panjenengan sadaya tansah winengkuwa ing barokah miwah pangreksa Dalem Pangeran,inggih Gusti ingkang maha kamisesa bawana.
6.      Lumituning pudyaswasta saking Gusti Ingkang Mahaasih, ambabar daya pangaribawa ingkang tumunduk dhumateng para kawula dasih. Kacihna ing salabeting kalenggahan menika panjenengan kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan,katentreman,kabagyan serta kabagaswaraan.
7.      Ooom,santi-santi,Ooom
8.      Rahayu=rahayu=rahayu
9.      Hong ilaheng awignam astu namas sidham
10.  Lan sanes-sanesipun
PURWANING PAHARGYAN
Nuwun,
            Limintuning pudyastawasaking Gusti Ingkang Mahaasih ambabar daya pangabirawa ingkang btumanduk dhumateng para kawula dasih.Kacihna ing salebeting kalenggahan punika panjenengan kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan,katentreman,kabagyan,sarta kabagaswarasan.
            Langkung rumiyin sumangga sami manungku puja dhumateng Ingkang Amurba Amasesa,mugi salwiring gati purwa madya wasana kasembadan lulus raharja kalis ing rubeda.
            Nuwun,para pepundhen,para pinisepuh,para sesepuh ingkang anggung mestuti dhateng pepoyaning kautamen,ingkang kinurmatan.
            Para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari,pangayomaning para kawula dasih ingkang sinubeng pakurmatan.
Para trahing sutresno budaya adi luhung ingkang anggung memardi mardawaning budaya luhur,sumarambah para sanak kadang mitra pitepangan.Ingkang pantes tampi pakurmatan.
Mundhi dawuhipun ingkang amengku karsa,Ibu saha Bapak Drs.Amat Jais Hadikusuma miwah gotrah kulawarga,kaparenga kula anglantaraken lampahing pahargyan pengetan 25 warsa palakrama Ibu saha Bapak Drs.Amat Jais Hadikusuma.Sugeng rawuh,sugeng lenggah,saha sugeng pepanggihan.
Pararawuh kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka rahayu. Kaparenga angaturaken rantaman urutaning

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

wa