Translate

Sabtu, 16 Maret 2019

Apa Itu Udheng ???

A.      Pangertosan Udheng


Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun hangagem.  Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi sirah.
Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken.  Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.


B.       Peranganipun Udheng

Nama – nama peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun:

♦         Kuncung
Inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas bathuk.  Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol.

♦·         Wiron
Inggih menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun wonten ngajenganipun udheng pas kiwa lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi dipun sebat dhestar).

♦         Sunglon
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.

♦         Kemadha
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun udheng.  Ingkang lancip menika kawastanan cakrik pangkur.

♦         Talingan
Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados trep mapan sak nginggilipun talingan.

♦         Modangan
Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun).

♦         Mondholan
Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.

♦         Pucuking Udheng
Ing sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan (ingkang mangangge hanggadahi raos perbawa).  Dene manawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem hanggadahi raos Satriya).
Cakrik seratanipun sampun nedahaken wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar.  Utawi cakrik pangkur ingkang wonten untu walang.
Cakrik perbawan punika minongka dasaring dhestar rikala ageman taksih dados agemanipun Karaton Surakarta.

C.       Patrapipun Hangagem Udheng
Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong menapadene Jeplak.  Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun setunggal nyari.

D.       Filosofine Udheng
            Supaya menungsa iku sayogyane nduweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

wa